A

Rabu, 31 Juli 2013

Nguri-uri budaya jawa

NGURI-URI BUDAYA JAWI
Lumintuning nugraha saha sih palinirma mugi tansah kasarira, kajiwa tuwin tumanduk dhumateng sagung para maos kakung sumawana putri.
Minangka wiwitaning atur, kula ngaturaken pambagya saha nelakaken agunging panuwun dhumateng para maos ingkang sampun kasdu pinarak saha nglodhangaken wekdal kagem maos seratan kula punika. Mugi kawruh, seserepan saha sadaya ingkang kapikantuk wonten ing seratan kula punika sageda amimbuhi pana saha tresnanipun para kadang dhumateng budaya Jawi, lan sageda dipun gethoktularaken wonten ing bebrayan agung.
Kita ngrumaosi bilih sakpunika kabudayan Jawi sangsaya dangu ketingal sangsaya luntur, awit kegerus ilining globalisasi ingkang mboten saged dipun pambengi dening sinten kemawon. Mila mboten aneh, menawi wonten ingkang mastani bilih sampun kathah tiyang Jawi ingkang ical jawinipun, amargi sampun kirang pangertosan saha kawruh ingkang magepokan kaliyan kabudayan Jawi.
Kosokwangsulipun, kita ugi mengertosi, kabudayan Jawi malah dipunremeni tiyang saking manca negari. Piyambakipun kathah ingkang nyinau kabudayan, langkung-langkung ing babagan seninipun. Kirang remenipun tiyang Jawi dhumateng budayanipun piyambak punika, boten wonten ingkang kedah dipunlepataken. Ananging sedaya kemawon saenipun kedah mbudidaya supados budaya Jawi tansah ngrembaka saha majeng jajar kaliyan budaya sanes-sanesipun.
Budaya Jawi, mliginipun Basa Jawi punika mboten namung sarana sesrawungan kemawon, nanging ugi nggadhahi kaginan ingkang langkung wigatos. Antawisipun, minangka sarana ndhedher jiwa kasusilan. Punika kacihna amargi basa Jawi punika ngewrat unggah-ungguh, inggih punika undha usuking basa minangka tata krama kangge ngurmati tiyang sanes.
Lumampahing bebrayan ing masyarakat punika ugi mboten uwal saking wewaler. Langkung-langkung tumrap para mudha ingkang taksih mbetahaken wewarah-wewarah babagan unggah-ungguh lelados wonten ing bebrayan agung. Kanthi nindakaken trapsila lan unggah-ungguh ingkang trep kaliyan paugeran piwucalipun para sepuh punika sanyata badhe damel santosaning bebrayan, wekasanipun saged damel tentreming nagari.
Gegayutan kaliyan bab punika, supados basa Jawi mboten sirep, kita kedah mbudidaya mawi sarana pendidikan, inggih punika pendidikan wonten ing kulawarga, pendidikan wonten ing sekolah punapa dene jalur pendidikan wonten ing masyarakat.
Piwulang basa Jawi prayoginipun dipun wiwiti saking kulawarga. Sambet raos pangraos (komunikasi) wonten saklebetipun kulawarga antaranipun bapak, ibu saha putra-putrinipun prayoginipun mawi basa Jawi ingkang sae. Wiwit lare taksih alit, tiyang sepuh kedahipun ugi maringi tuladha serta paring pangertosan babagan basa Jawi, saengga lare badhe nggadhahi pakulinan saha raos handarbeni dhumateng basa Jawi, ingkang saklajengipun saget nuwuhaken raos remen saha purun nguri-uri lan nglestantunaken basa Jawi.
Saklajengipun, pendidikan wonten ing papan pawiyatan (sekolah) ugi saged dados salah setunggalipun cara kangge nguri-uri basa Jawi. Pamarentah piyambak sapunika nggadahi kawigatosan ingkang ageng tumrap kemajengan kabudayan, mliginipun kabudayan Jawi. Wontenipun kurikulum muatan lokal wonten sekolah minangka salah satunggalipun tuladha. Kanthi mekaten, sekolah ugi kedah tansah mbudidaya ngupadi cara-cara sinau basa ingkang trep kangge lare. Punika sadaya prayoginipun dados kawigatosan kita sadaya, utaminipun para ingkang kawogan ing babagan pendidikan ing sekolah.
Saksanesipun punika, ugi sampun kathah para sutresna ingkang nggadahi kawigatosan ngengingi kabudayan Jawi, wonten lembaga pendidikan, perusahaan, papan pakaryan lan sakpanunggalanipun. Punika sadaya nelakaken kanthi cetha, bilih sejatosipun sinten kemawon saged lan kaajak supados ngupadi saha majengaken kebudayan Jawi.
Linangkung dhumateng para pangarsa saha para sepuh, inggih parikedah paring tuladha lan mbiyantu maringi sesuluh wonten madyaning bebrayan, mirunggan nggulawenthah para siswa wonten ini pawiyatan, saengga nuwuhaken budi pakerti ingkang sae wonten ing papan pawiyatan.
Saterasipun, kula ugi ngajak, supados wonten ing saklebetipun bebrayan ugi dipunkulinakaken sesrawungan ngangge basa Jawi. Punjeripun kabudayan Jawi punika sejatosipun wonten satengahipun tiyang Jawi piyambak. Pramila kanthi punika, mliginipun kangge para wiranem (generasi mudha) supados nggadhahi raos remen saha handarbeni dhumateng basa tuwin budaya Jawi satemah saged nuwuhaken tekat kangge memetri, nguri-uri saha nglestantunaken basa lan budaya Jawi.
Minangka pungkasing atur, kagem mersudi ngrembakaning kabudayan Jawi, sumangga kita dhudhah sadhengan kabudayan ing pundi tlatah ingkang saklajengipun dipun pepetri amrih lestantun dumugi wanci lan papan ingkang tanpa wangenan.
Wallahu a’lam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar