A

Minggu, 13 Oktober 2013

Wawan Rembug

Diskusi yaiku wawan rembug karo sakelompok kanggo ngrembug sawijining masalah. Supaya diskusi kasil selaras karo tujuwane, kabeh anggota kelompok kudu melu makarya, mikir lan urun panemu kanggo golek jawaban kang cocog karo masalah sing dirembung.
Supaya diskusi lancar, kudu ana paraga-paraga kaya ing ngisor iki :

a.        Ketua kelompok kang tugase ngatur anggota kelompoke supaya bisa nemokake jawaban ngenani masalah kang didhiskusekake.
b.        Moderator tugase ngatur lalu lintas dhiskusi lan mbagi wektu dhiskusi, yaiku wektu kanggo ngandharake asile dhiskusi, wektu kanggo menehi tanggapan lan pitakon, wektu kanggo njawab, lan wektu kanggo menehi saran.
c.        Pemrasaran yaiku anggota kelompok kang kajibah macakake utawa ngandharake asile dhiskusi. Tanggapan lan pitakon saka kelompok liyane kudu ditanggapi dening pemrasaran lan anggota kelompoke.
d.       Notulen yaiku pawongan kang nduweni tugas nyathet sakabehe kedadeyan ing sajrone dhiskusi lan asile dhiskusi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar