3. Sugeng (Krama Inggil) nggadhahi teges inggih menika slamet (ngoko), urip (ngoko), kaliyan lemu (ngoko).
Ingkang ateges slamet, tuladhanipun:
-
Basa ngoko : 1. Anak karo bojomu apa padha slamet?
: 2. Lungamu menyang Jakarta wingi rak ya padha slamet ta?
-
Basa krama alus : 1. Putra kaliyan ingkang-garwa menapa sami sugeng?
: 2. Tindakipun Panjenengan dhateng Jakarta kala wingi rak inggih sami sugeng ta?
-
Basa ngoko : Embah lanang nalika isih urip, seneng rokok kretek.
-
Basa krama alus : Eyang kakung nalika taksih sugeng, remen rokok kretek.
-
Basa ngoko : Saiki embahe isih urip, malah awake lemu banget.
-
Basa karma alus : Samenika ingkang taksih sugeng, malah saliranipun sugeng sanget.
Ingkang ateges omah, tuladhanipun:
-
Basa ngoko : Pak Hasan duwe omah anyar.
-
Basa krama alus : Pak Hasan kagungan dalem enggal.
-
Basa ngoko : 1. Amarga sih pitulungane Gusti Kang Maha Asih anakku bisa slamet.
: 2. Dhuh Gusti, aku njaluk kawelasan-Mu.
-
Basa krama alus : 1. Amargi sih pitulungan Dalem Gusti Ingkang Maha Asih anak kula saged wilujeng.
: 2. Dhuh Gusti, kula nyuwun kawelasan Dalem.
-
Basa ngoko : 1. Aku arep melu menyang Sala, oleh apa ora Bu?
: 2. Pak Bambang dakwenehane foto sing apik-apik.
: 3. Panjalukku, prayogane kowe mulih wae!
-
Basa krama alus : 1. Dalem badhe ndherek dhateng Sala, kepareng menapa boten Bu?
: 2. Pak Bambang dalem caosanipun foto ingkang sae-sae.
: 3. Panyuwun dalem, prayoginipun Panjenengan kondur kemawon!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar